Wedi Kodhok
Yen ditakoni kewan apa sing marai aku jijik, jawabe
ora ana liya ya kodhok. Kulite sing mbesisik, bentuke nyempluk lan
mencolot-colot marai aku mrinding lan gila. E lhadalah, kok sawijining dina aku
duwe prakara karo kewan sing urip ing alam loro mau.
Critane nalika aku isih SMA limang taun
kepungkur, dinane Slasa jadwale senam pagi ing sekolahan. Mesthi bae aku kudu
mangkat luwih gasik tinimbang dina liyane.
Kancaku Oki, esuk-esuk jam 06.00 wis
ngampiri aku.
Oki : “Assalamualaikum. Retno!” (Oki nyeluki aku
saka ngarep omah)
Aku banjur mlayu tekan lawang ngarep. Oki ngguyu ndang
weruh aku.
Retno
: “Waalaikumussalam, Kik. Kadingaren gasik nemen. Wis kene mlebu dhisik. Kowe wis
sarapan apa durung? Arep ngombe wedang apa? Kene lungguh-lungguh dhisik.”
Oki karo aku mlebu omah banjur lungguh
ning ruang tamu.
Oki : “Aku wis sarapan, Ret. Wis ora usah repot-repot.
Aku wis sangu wedang dhewe kok. Matur nuwun. Kowe durung adus ta, Ret?”
Retno
: “Tenane Kik? Ora ngrepoti kok. Tak jupuke wedang ya? He.. he aku durung adus,
Kik.” (aku nyengir)
Oki : “Wis ora usah, Ret. Saiki kowe adus dhisik.
Mengko dhewe malah telat lan ora melu senam. Ya?”
Retno
: “Oh ya wis, aku adus dhisik ya, Kik.” (Aku menyat saka lungguhanku)
Oki : “Ya. Lha ibu lan bapakmu ning endi, Ret?”
Retno
: “Bapakku sampun tindak nyambut gawe, ibuku nembe blanja, Kik. Aku tak adus dhisik ya!” (Wangsulanku karo jupuk anduk ning jerengan)
Oki : “Oh ya ding. Wis kana adus dhisik!”
Sepuluh menit kepungkur, aku wis siyap
kanggo mangkat sekolah. Begja aku wis sarapan, dadi aku mung garik mangkat
sekolah. Aku ngunci lawang banjur njupuk sepatu ing etalase.
Retno
: “Aku wis siyap, Kik. Aku tak nganggo sepatu dhisik ya!”
Oki : “Sip!”
Ora nganggo ditliti maneh sepatu enggal
tak enggo, sikil langsung mlebu makblung ora usah disawang. Rong menit, aku wis
bar nganggo sepatu.
Retno
: “Ayo, Kik mangkat!” (pangajakku karo semangat)
Oki : “Ayo!”
Ing tengah dalan, sikil tengenku kok
krasa lara, tur sepatune sesak.
Retno
: “Kik. Sepatuku sing tengen kok rasane sesak? Kaya ana sing obah-obah ing
njero sepatuku. Apa iki?” (aku mikir-mikir apa sing ning njero sepatuku)
Oki : “Wah, jajal sepatumu kok copot dhisik,
Ret.” (usule Oki)
Aku nuruti usule Oki. Sepatuku dak
copot. Bareng dak copot, ee… tobil ana kadhal, jebule ana precil sing ning
njero sepatuku.
Retno
: “Kik, iki piye kik? Aku wedi, ana kodhok cilik ning sepatuku!” (jeritku karo
ngekep Oki)
Oki mung plengah-plengeh weruh polahku.
Dene wong sing mlaku ing dalan padha nggeguyu kabeh.
Oki : “Wis Ret, mung precil bae kok wedi.” (Oki ngaloke
aku karo nyuthik kodhok cilik mau saka sepatuku nganggo garisane)
Oki : “Kodhoke wis mlayu, mesthi kuwi kodhok lanang,
seneng karo kowe he… he,”
Retno
: “Aja guyon Kik, aku wedi tenan sing jenenge kodhok, mendhing ketemu memedi
tinimbange kodhok,”
Oki isih ngguyu kepingkel-pingkel.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar